Arsip Pedalangan

Arsip Pedalangan

Table of Contents

Janturan Wayang Kulit: Suasana Tepi Samudra Kidul (Gaya Surakarta)

Deskripsi: Naskah janturan ini digunakan dalang untuk menggambarkan suasana magis dan luasnya tepi samudra pada waktu senja (*sandyakala*). Naskah ini kental dengan diksi Jawa Krama Inggil dan metafora alam.


Hanenggih pundi ta ingkang minangka purwaning carita. Tuhu punika aglaring gisik samudra kidul. Dhasar bawera tur jero tanpa wangenan. Mila datan mokal sinung prabawa wingit weh giris kang miyarsa. Kawentar lamun samudra kidul dadya sasanane Ratu Kencanasari ya kang kaprah winastan Ratu Kidul uga ingaran ratu gisik kidul. Nadyan wadage wujud samudra nanging sejatine pan iku kedhatone bangsa alus. Saben wanci kang tinamtu keh sesaji kang den larung ing jaladri kidul, kayata ing wulan Suro.

Natkala semana sandyakala wus meh tunggang ancala. Katingal abra sumamburat ing sisiring langit. Sorote Hyang Arka mung kari sak mrica binubut, mracihnani gumantining wanci rahina ngancik wanci surup surya.

Gumelare gisik samudra wanci surup surya. Katingal alerap-lerap lakuning alun kang nempuh sela karang prasasat lumepasing warastra saking kendhenging langkap. Gulung-gemulung pecahing alun dadya ombak. Ombaking segara kidul angrangsang dharatan kaya sardula kang ngoyak playuning menjangan, galak krodha sru manaut.

Swarane ombak gumuruh yayah clereting thathit, kawimbuhan angin kang rikat lampahe mahanani nyurung lakuning ombak. Sambung-sumambung robing jalanidhi tanpa kendhat yayah ilining tirta narmada.

Lumakuning ombak gedhe den gunakake para misaya mina kanggo anjaring buron toya. Nadyan nggegirisi ombake nanging tan bangkit gawe gigrige para misaya mina, malah ngobarake gregeting penggalih. Padha sengkut gumregut, baita-baita den lakokake tumuju tengahing samudra. Trajange ombak kang nempuh baita wus dadi pakulinane pra misaya mina.


Sumber: Koleksi Naskah Jangkung Sugiyanto